NYENJA NING LAPAK

Cah!!!

Kowe wis ngerti durung yen ono panggonan nyenja sing apik ning Kota Mediun?

Iki cah…takkandani enek lokasi asyik kanggo nyenja, yokuwi ning Lapak Kembul Sari Kelurahan Sukosari Kecamatan Kartoharjo.

Lokasine gampang digoleki, amargo pinggir dalan gede Jalan Basuki Rahmat. Enek warung-warung sing masakan lan ngombene enak-enak. Enak maneh menikmatine karo ngenteni srengenge mudun lan ojo lali nyruput kopine.

Fasilitase yo wis jangkep, enek toilet, area parkir roda 2 lan 4 ugo bus, musholla, wifi gratis, pendopo lan joglo.

Lapak iki yo cocok kanggo leren pas perjalanan adoh, yo wis pantes yen dadi rest area. Yen kesel nyetir ojo dipekso…luwih aman leren disik lan ngopi ning Lapak Kembul Sari.

#lapakumkmkelurahankotamadiun

#lapakkembulsarikotamadiun

#restarealapakkembulsarikotamadiun

Galeri Berita

Jumlah Pembaca : 61 Orang